Apa
durung cukup Gusti paring bebendu
;segara
disuntak mbludag
Lemah
amblas bengkah
Banjir
bandhang banjir lendhut
Banjir
maut
Nelangsa
papa citraka wis ora krasa apa-apa
Amarga
wis kulina
Ngayut
tuwuh dadi pilihan ampuh
Tinimbang
didawa-dawa tan oleh pedah lan guna
Oh...
nasibmu kawula.....
Sikil
kelangan pidakan
Awak
kelangan wewayangan
Dina
sesuk kelangan tanggal
Dicolong
dirampok kecu lan brandal
Brandal
ora ngerti bebendu
Kecu ora
ngerti kleru
Brandal
tata jaman lumrah
Nguntal
bumi ngaluamah
Kecu
badan alus nggetih biru
Ngganyang
uripe kawula-kolu
Oh....
kawula nasibmu...
Eko Wahyu
Adi
Kapacak
saking Panjebar Semangat- 52/2007
0 komentar:
Posting Komentar