Selasa, 15 November 2016

geguritan tema : "alam"

Arga Iki
(Siswidiadi Ngesti N)
Mataun-taun
Sira ngrusak geger lan awakku
Makaping-kaping
Landhepe bendho lan pacul
Nyigar lemah subur dadi larik-larik tandur
Pokalmu mblandhong sapenak dhengkul…
Lemah ijo wis malih gundhul
Tirta musna ing mangsa ketiga
Ninggal belik nalika paceklik
Jare wadhuk dadi alesan
Ora bakal ana rampunge
Nadyan donya pisan
Denuntal sakabehe…
Yoh
Entenana
Yen tekan titi mangsa
Arga iki nagih prasetya…
-post ini geguritan.com-

geguritan tema : "budaya"

LUMUNTURING BUDAYA
Tumetesing waspa dumlewer ing pangarasanku
Nglentrihing pandulu ginambar ing netraku
Ancluming praupan kawistara ing pasuryanku
Legeg trenyuh ginawa ing panggalihku
Amersani jaman saiki
Tumpraping polah tingkahing putra lan putri
Kang wis ninggalake subasita
Nerak angger-anggering budaya
Lali ing tatakrama mbuwang sekabehing unggah-ungguh basa
Kabeh rumangsa nistha
Yen isih ngugemi pranatan budaya bangsa
Sanadyan jaman wis maju
Aja banjur dadi kleru
Crita leluhur ginubah sawiyah-wiyah
Busana owah samesthine
Tetunggangan, wisma, laladan rinepta beda saka asline
Apa kita wis ora ngregani budaya kita dewe?
Apa budaya kita wis ora ana ajine?
Apa budaya kita wis kedaluwarsa?
Apa budaya kita wis luntur?
Pemuda pemudi jaman saiki
Unggah ungguh basa wis dilirwakake
Tata krama wis ditinggalna
Tata wicara wis ninggalake subasita
Apa sing salah sekolah?
Apa sing salah ibu bapak?
Apa kabeh salah?
Nyatane budaya bangsa wis ditinggalake
Wis arep luntur amerga pokale kita dhewe.
Ki Andanawarih
Kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat No. 46 – 15 November 2008

geguritan tema "urip "

KAWULA NASIBMU
Apa durung cukup Gusti paring bebendu
;segara disuntak mbludag
Lemah amblas bengkah
Banjir bandhang banjir lendhut
Banjir maut
          Nelangsa papa citraka wis ora krasa apa-apa
Amarga wis kulina
Ngayut tuwuh dadi pilihan ampuh
Tinimbang didawa-dawa tan oleh pedah lan guna
Oh... nasibmu kawula.....
Sikil kelangan pidakan
Awak kelangan wewayangan
Dina sesuk kelangan tanggal
Dicolong dirampok kecu lan brandal
Brandal ora ngerti bebendu
Kecu ora ngerti kleru
Brandal tata jaman lumrah
Nguntal bumi ngaluamah
Kecu badan alus nggetih biru
Ngganyang uripe kawula-kolu
Oh.... kawula nasibmu...
Eko Wahyu Adi
Kapacak saking Panjebar Semangat- 52/2007

Kamis, 10 November 2016

geguritan tema "cinta"

“TRESNAKU – TRESNAMU – Biyung Amie Williams”

Rikala kori dakbukak byak
Kaya sinamber gelap lepat
Iki tenan apa ngimpi ?
Sliramu jumeneng nyunggi katresnan
Panggah ora owah
Dinodhog rasa jroning dhadha
Meh wae aku kantaka.
Angenku daklarak ing pangumbaran
Telungpuluh loro warsa kepungkur
Kangmas,
Rasa tentrem rinengkuh ing astamu
Edhum nyawang sorot netramu
Aku katrem, aku kasmaran
Engga wektu jumangkah mlaku
Tresnaku-tresnamu dadi rangu
Kelindhes wektu
Daktantang daktanting ora maelu
Sansaya adoh lumayu
Tangeh anggonku bakal ngluru
Kangmas,
Tresnaku tresnamu ginubel wektu
Lawase padha paprentahan Orde Baru
Wis kukut, wis kemput,
Nadyan nora bisa nyawiji
Nanging tresna aji lan suci, tresna sejati
Bakal dakrukti nganti tumekeng janji.
Makna yang terkandung di dalam geguritan ini yaitu menceritakan kisah hubungan sepasang kekasih yang berharap untuk menikah
Pesan moral yang dapat diambil dari geguritan yang bertema asmara yaitu penting bagi setiap pasangan untuk memperjuangan kekasihnya. Selain itu diperlukan juga untuk bersabar dalam menjalin hubungan yang lebih baik.

geguritan tema"guru"

Pamulangan NN”

Jare simbah aku kudu sekolah
Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah
Jare rama ibu aku kudu sregep mangkat
Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat
Jare bapak ibu guru aku kudu sinau
Tambah ilmu
Kareben kelakon kabeh kang tinuju
Nanging
prakanca,
coba delengen kahanan nyata
apa isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata
pamulangan kang tanpa tuladha
pamulangan kang kasatan piwulang
pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta
siji lan siji ana pira?
Jare anut kang duwe kersa
Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata krama
lali dosa…
kabeh lurung binarung kumalungkung
pamrih pamuji siji
Pamulangan ora aweh pepadang
Simbah,
Nyuwun pangapunten
Kula mboten kepingin dados dokter
Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper
Rama,
Nyadong duka
Kulo mboten kapilut drajat pangkat
Jalaran ajrih sumpahing rakyat
Kang panggah mlarat sekarat
Bapak ibu guru,
Nyuwun donga pangestu
Mugi-mugi sedaya ilmu saged dados sangu

Sabtu, 05 November 2016

GEGURITAN TEMA"SAHABAT"

LAYANG IKI KANGGO SLIRAMU – INTAN NUKHI ADHIYA”

Layang iki kanggo sliramu
Layang batin kang ora bakal pernah kok woco
Aku arep ngilang sakwetara
Menawa setahun nanging ora merga wong liya
Merga aku kudu fokus ngadepi perkara
Perkara kang wis suwi dadi kekarepan ati
Kang ijih ora kena diganggu sapa-sapa
Aku arep jaluk ngapura
Menawa ilange awakku marahi sliramu lara
Nanging aku iki wis tuwa
Lan aku durung olih apa-apa saka uripku iki
Aku nyuwun ngapura

GEGURITAN TEMA "ALAM"

 Merapi
(Puthu Aryana)
Merapi…
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
Kena sunare Hyang Bagaskara
Merapi…
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi…
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi

GEGURUTAN "TEMA IBU"

“ANGGERKU”

Ngger,
Biyung nyuwun ngapura
Ora bisa dadi biyung kang sampurna
Ora bisa nglegakne atimu
Ngger,
Uripku kebak kaluputan
Ngiwa luput, nengen luput
Rumangsaku aku wis manut
Bangun turut karo sing jare winasis
Nanging nyatane isih tetep luput lan diluputne
Lara atine biyung, ngger
Kepengin crita wae,
Ora enek sing gelem krungu
Apa maneh sambat, mung arep digeguyu
Kabeh wis ora percaya karo biyung
Kabeh ki nyatane ngapusi
Nanging biyung isih tetep percaya, ngger
Mung siji sing ora bakal ngapusi
Gusti Kang Maha Agung
 

GEGURITAN Template by Ipietoon Cute Blog Design